Senin, 23 Mei 2011

Pembukaan Hangacarani Panggih Manten

Pembukaan Hangacarani Panggih Manten

Assalamualaikum Wr. Wb.....

Pinurwakan ngluhuraken Asmane Gusti Gung kang Akaryo Bawono
Poro pepunden, sesepuh, pinisepuh ingkang dahat kinormatan,

Poro rawuh kakung miwah putri ingkang minulyo.
Kaparengo matur, awit saking kaparengipun
Bapak/Ibu ...... ingkang hamengku gati
Kulo kapiji minongko pambyoworo/ pranoto coro menggah lumampahing adicoro panggih pinanganten ing dalu, ingkang kebak suko bagyo meniko

sakderengipun , kulo nyuwun doa restu mugyo anggen kulo angayahi jejibahan meniko saget lumampah kanthi prasojo lir ing sambi kolo

Poro rawuh ingkang kinormatan
Sumonggo panjenengan sami kulo dereaken samiyo lelenggahan kanthi merdu merdikaning penggalih, sukur bage mangke ngantos paripuraning adi coro

Nuwun, nuwun matur nuwun